Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kursi Ban Kreasi Mantan TKI

Kursi Ban Kreasi Mantan TKI

Klaten, www.jogjatv.tv – Kawiwitan saking kathahing ban mobil bekas ingkang boten kangge, satunggaling mantan TKI Warga Klaten, Jawa Tengah, kanthi rekadayanipun kasil dipun damel kursi lan meja santai. Kursi ban punika boten namung saking laladan Jawa Tengah kemawon nanging ugi saking sanjawining rangkah.

Sampun watawis sekawan taun pungkasan, Ali Aswari, Warga Dhusun Gathak, Desa Drono, Kecamatan Ngawen  Klaten, damel meja kursi saking bahan baku ban mobil bekas. Gagasan damel kursi saking ban bekas punika kawiwitan nalika ali mulat kathah ban bekas gadhahan kancanipun ingkang sampun boten kangge malih. Salajengipun Ali ingkang satunggaling mantan TKI dhateng Arab Saudi punika tuwuh gagasanipun kangge ngemonah ban bekas wau lan mawujud dados meja kursi santai. Cara damelipun ugi prasaja, sasampunipun ban bekas cumawis, dipun sukani kajeng kangge nyangga supados kursi kiyat. Salajengipun karet ban dipun pasang kangge papan lenggah, lan dipun sukani spon, kangge nutup ban lan ugi supados langkung empuk. Sasampunipun finishing dipun tutup karpet motif laras kaliyan welingan lan nembe dipun pasangi suku.

Dene ing saben dintenipun, Ali, saged damel kursi ngantos sedasa iji dene reginipun antawis satus seket ewu ngantos kalihatus seket ewu gumantung welingan mutuning bahan. Samangke ingkang weling kursi damelanipun ali boten namung saking tlatah Klaten kemawon, nanging ugi saking sanjawining rangkah, kepara sawetawis wekdal kapengker ugi wonten welingan saking Papua. ( Sri Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.