Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Bareskrim Polri Mbeslah Puluhan Sato

Bareskrim Polri Mbeslah Puluhan Sato

Kulonprogo, www.jogjatv.tv – Direktorat Tindak Pidana Tertentu Badan Reserse Kriminal Polri dan BKSDA DIY kasil miyak lampah peredaran satwa liar ing Karang Singosaren, Kabupaten Bantul. Kalih pelaku MZ lan HN kasil dipun amanaken sinartan barang bukti kalihdasa sato ingkang dipun ayomi dening nagari. Sato ingkang dipun beslah antawisipun binturong setunggal, anakan bruwang madu setunggal, kowe utawi anakan lutung setunggal, elang bondol hitam setunggal, kuncung utawi anakan merak gunggung 13 lan tiga sawer sawa bodo. Dening petugas sato ingkang dipun ayomi punika dipun titipaken dhateng Wildlife Rescue Center Ing Kecamatan Pengasih,  Kulonprogo kangge kabetahan karantina, saderengipun dipun lepas liar dhateng habitat asli.

Kawiyakipun kasus peredaran satwa liar punika kawiwitan nalika petugas ngrangket MZ. Saking MZ  penyelidikan kalajengaken ingkang tundhanipun ugi kawiyak kiprahipun HN, ingkang saged karangket ing papan parkir marga satwa Semarang nalika nampi satunggaling bruwang madu pengaos sekawan setengah yuta rupiyah. Pelaku nelakaken sampun dangu anggenipun sadeyan sato kados makaten lumantar aplikasi media sosial. Awit lampahipun MZ lan HN nerak pasal 21 ayat (2) huruf a juncto pasal 40 ayat (2) undang- undang nomor 5 tahun 1990, bab konservasi sumber daya alam hayati dan ekosistemnya, kanthi ancaman paukuman kunjara dangu dangunipun gangsal taun lan dhendha kathah kathahipun satus yuta rupiyah. Brigjen Yazid Fanani Direktorat Tipiter Bareskrim Mabes Polri mratelakaken kawiyakipun lampah dagang sato ingkang dipun ayomi dening nagari punika inggih satunggaling kupiyanipun polri kangge ngamanaken sarta  milujengaken sato liar ingkang kaancam punah.

Ammy Nurwati Kepala BKSDA Yogyakarta mratelakaken lampah dagang sato ingkang dipun wiyak dening Bareskrim Polri punikaanggenipun nawakaken lumantar media online lintas Propinsi. Sinaosa BKSDA sampun nindakaken operasi nanging asring razia boten wonten asilipun. Puluhan sato liar ingkang saged dipun amanaken salajengipun dipun pasrahaken dhateng lembaga konservasi supados dipun upakawis lan dipun semak kasarasanipun, saderengipun dipun lepas dhateng habitat asli.( Muhammad Sugeng )

Share this with friends

Comments are closed.