Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Warga Dadap Bong Manggihaken Reca Sirah Budha

Warga Dadap Bong Manggihaken Reca Sirah Budha

Bantul, www.jogjatv.tv –Samsul Nurul Anwar, Warga Dadap Bong, Sendang Sari Pajangan, dinten Selasa kalawingi manggihaken reca sirah budha, nalika saweg macul dhateng pekawisan griyanipun. Kawitanipun Samsul maculi pekawisan badhe kangge nanem jahe merah. Nanging dumadakan paculipun nanggrok barang atos. Nalika dipun dhudhuk tetela wonten sela lan nalika dipun tingali kanthi permati pranyata tugelan reca sirah budha. Salajengipun tugelan reca wau dipun simpen dening Samsul lan tundhanipun kabar kasebat sumebar dhateng tangga tepalihipun.

Sinaosa kathah warga ingkang gadhah pandugi bilih barang kasebat inggih benda cagar budaya, nanging Samsul boten lajeng pitados. Samsul gadhah pandugi menawi reca ingkang dipun panggihaken inggih perangan saking asil kerajinan ingkang kapendhem. Kangge sawetawis wekdal, Samsul tetep badhe nyimpen tugelan reca kasebat supados boten njalari ubur. Ngantos samangke dereng wonten keterangan gumathok saking arkeolog bab jinis reca lan sela ingkang kangge damel reca wau.

( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.