Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Sedekah laut pesisir gesing

Sedekah laut pesisir gesing

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Atusan kadang  misaya mina, Desa Girikarto, Kecamatan Panggang, Kabupaten Gunungkidul nggelar upacara sedekah laut minangka wujud pratelan raos  syukur dhumateng Gusti ingkang hakarya jagat awit sempuluring rejeki ingkang dipun tampi sadangunipun setaun. Upacara sedekah laut dipun tindakaken kanthi nglarung  sesaji, wulu wedaling bumi lan woh-wohan dhateng  tengahing seganten ingkang tebihipun 2 mil saking kisiking samodra.  Sinaosa aluning seganten nggayuh  2,5 meter  nanging mboten nyurudaken gregeting kadan misaya mina kangge nindakaken upacara.  Upacara larung sesaji,  kawiwitan kendurenan dipun estreni dening atusan warga.

Miturut ketua panitia , Aris Sargiyono,  sedekah laut taun samangke kridha ingkang kaping   13  ugi minangka donga pamuji  amrih tansah pinaringan pengayoman saking ngarsanipun Gusti ingkang hakarya jagat. ( Anjar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.