Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Disparbud kota grengseng nggelar kesenian

Disparbud kota grengseng nggelar kesenian

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Mboten saged dipun selaki, Kota Yogyakarta mujudaken salah satunggaling destinasi wisata tumrap wisatawan. Awit saking punika, Kota Yogyakarta tansah kupiya suka ladosan ingkang sae dhateng wisatawan, antawisipun  kanthi nggelar pentas kesenian.

Kajawi suka ladosan masyarakat, salah satunggal kridhaning Dinas Pariwisata , Kesenian dan Kebudayaan Kota Yogyakarta inggih nyugata tamu ingkang dhateng  kota yogyakarta kanthi nggelar Pentas Seni Kawasan. Dhateng sawetawis papan ing tlatah Kota Yogyakarta, samangke asring dipun gelar pentas kesenian tradisional, antawisipun  pagelaran tari, kaskaya Ngayogyakarta. Sedaya kalangan, lare-lare lan tiyang diwasa, nyengkuyung lampahing pentas kangge nyugata wisatawan .

Parkiran Abu Bakar Ali dipun pilih kangge papan gumelaring kridha  awit dados papan jujugan  wisatawan ingkang badhe sanja dhateng Malioboro lan sakiwa tengenipun. Gumelaring pentas kaajab ndayani wisatawan saya tentrem lan kesengsem dhateng  Kota Yogyakarta. ( Heri Susanto )

Share this with friends

Comments are closed.