Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Madrasah Mua’llimat Ngindakaken Mutu Pendidikan

Madrasah Mua’llimat Ngindakaken Mutu Pendidikan

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Maneka kridha dipun gelar kangge ngregengaken Milad Madrasah Mua’llimat kaping 93 ing Kampus Suronatan Kota Yogyakarta, dinten Kemis (17/11) enjing. Lembaga pendidikan ingkang sedayanipun wanita punika,  mujudaken calon kader Organisasi Muhammadiyah ingkang dipun samektakaken minangka calon penerus.

Kangge ngindakaken prestasi para siswi, pehak PP Muhammadiyah badhe ngrembakaken  kampus dados kampus terpadu lan badhe dipun bangun ing tlatah Kecamatan Sedayu,Bantul Kampus punika kaangkah kamot kangge siswi ingkang cacahipun saya kathah awit siswi Madarasah Mua’llimat saking maneka wewengkon Indonesia. Samangke siswi Madrasah Mua’llimat Yogyakarta cacahipun 1100 siswi  dene kampus terpadu kasebat kaangkah saged amot kangge tiyang 3000 ngantos 5000 lan kaangkah rampung sadanguning sedasa taun. ( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.