Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Program Bedah Rumah Kecamatan Sanden

Program Bedah Rumah Kecamatan Sanden

Bantul, www.jogjatv.tv – Nglajengaken  pendataan rumah tak layak huni ingkang kathah kapanggihaken ing Kecamatan Sanden, dinten Kemis (3/11) siyang, Kecamatan Sanden miwiti Program Bedah Rumah Swadaya. Program punika inggih wujud kawigatosan  dhateng sasama kanthi memitran kaliyan  pemerintah kecamatan.

Satunggaling griya ing Kelurahan Murtigading, Sanden, Bantul, nampi bantuwan program bedhah rumah saking Pemerintah Kecamatan Sanden. Mboten wontenipun anggaran pemerintah kangge ndandosi griyaning warga ingkang mboten murwat, nuwuhaken gagasan pemerintah kecamatan kangge memitran kaliyan pehak sanes, antawisipun  koperasi jasa keuangan. Kejawi punika sawetawis bebadan ugi kaajab tumut cawe-cawe amrih rancaging  program bedah rumah kasebat.

Camat Sanden , Fatoni mratelaken, program bedah rumah sepisanan inggih griyanipun Sudi Wiyono. Griya kasebat sampun risak awit kathah peranganipun ingkang gapuk  dene ingkang manggen dhateng griya ukuran enem kaping tiga meter kasebat tiga kepala keluarga.

Penjabat Sementara Lurah Murtigading, Rudi Suharta mratelakaken ing wewengkonipun wonten 80 griya tidak layak huni. Awit saking punika, lurah pinilih benjing kaajab nglajengaken program bedhah rumah kanthi nyawisaken  anggaran dana desa, sabotenipun setunggal griya setaun. Patembayatan kaliyan pehak sanes ugi badhe mbiyantu rancaging  program bedah rumah. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.