Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Perangkat Desa Saged Warga Sanjawining Rangkah

Perangkat Desa Saged Warga Sanjawining Rangkah

Sleman, www.jogjatv.tv – Nalika lampah penyusunan raperda pengangkatan dan pemberhentian perangkat desa ing Kabupaten Sleman, sawetawis nuwuhaken pirembagan ingkang alot. Bab kasebat jalaran para pejabat eksekutif lan legislatif Sleman ngajab pengisian jabatan dukuh ing Sleman dipun tindakaken lumantar seleksi dene para dhukuh sa Sleman ngajab supados pengisian jabatan dhukuh dipun tindakaken kanthi langsung utawi lumantar pilihan warga nanging tundhanipun DPRD Sleman lumantar sidang paripurna, mutus bilih pengisian jabatan dukuh ing  Sleman dipun tindakaken lumantar seleksi. Kejawi punika salebeting perda kasebat ugi wonten pasal ingkang nyebataken bilih pengisian jabatan perangkat desa ing  Sleman, wiwit saking dhukuh, perangkat desa lan kepala desa boten kedah warga desa kasebat satemah warga sanjawining Sleman ugi saged dados perangkat desa ing Sleman. Miturut Bupati Sleman, Sri Purnomo, pranatan ingkang kamot salebeting perda kasebat pathokanipun saking pranatan pemerintah pusat satemah kedah dipun tetepi.

Kejawi netepaken Perda Pengangkatan dan Pemberhentian Perangkat Desa, salebeting sidang paripurna DPRD Sleman ugi dipun tetepaken tigang perda sanesipun, inggih punika Perda Badan Permusyawaratan Desa sarta Perda Pencabutan Perda Nomor Dua tahun 2010 bab Pembentukan Peraturan Perundang-Undangan Desa lan pencabutan raperda nomor 9 tahun 2003 bab Kedudukan Keuangan Lurah Desa dan Pamong Desa. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.