Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pameran Produk Out Door Karya Anak Bangsa

Pameran Produk Out Door Karya Anak Bangsa

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Tumrap  sutresna  kegiatan alam, sampun ngantos katalompen ningali pameran produk out door ageng piyambak ing Indonesia. Kangge kaping kalihipun, Jogja Outdoor Show dipun gelar ing kota yogyakarta.  Festival dipun sengkuyung 50 produsen peralatan outdoor lokal karya anak bangsa.

Sasampunipun dipun gelar ing Jakarta, Indonesia Outdoor Festival dipun gelar ing Kota Yogyakarta. Pameran ageng piyambak ingkang nyawisaken produk lan peralatan para pecinta alam punika, dipun gelar ing GOR UNY Yogyakarta.

Kajawi  boot  produk enggal piyambak out door, para pamirsa ugi saged tumbas maneka produk ingkang reginipun langkung mirah, antawisipun tas gunung,sepatu, tandha netra lan tenda tumrap  pendaki gunung.

Mboten namung nyawisaken piranti mligi tumrap para pecinta kegiatan alam, produk out door punika, samangke  ugi dipun remeni dening para wanita jalaran awet lan trep dipun angge kangge kridha padintenan.

Festival samangke kaajab njurung masyarakat saya remen ngginakaken produk out door, mliginipun karya anak bangsa ingkang mutunipun tansaya sae.

Kajawi pameran produsen peralatan outdoor tanah air, salebeting  festival ugi dipun gelar coacing clining sesarengan para atlet panjat nasional. Festival outdoor dipun gelar  sadangunipun 4 dinten. Angkahipun  dipun dhatengi gangsal welas ewu warga kanthi  omset wolung milyar rupiah. ( Fauzan Ahmad )

Share this with friends

Comments are closed.