Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pameran Pangan Lokal

Pameran Pangan Lokal

Bantul, www.jogjatv.tv  – Mengeti Hari Pangan Sedunia , Badan Ketahanan Pangan dan Penyuluhan Pertanian (BKP3) Kabupaten Bantul nggelar pameran pangan lokal. Kajawi punika, dhateng papan gumelaring pameran  ugi cumawis ladosan konsultasi caranipun mbudidaya taneman.

Wiwit dinten Rebo (2/11), BKP3 Bantul nggelar pameran produk pangan lokal antawisipun jagung , tela pohung  sarta pala kapendhem kanthi maskot produk unggulan Bantul, inggih punika pisang.

Miturut panitia, Suryani pameran produk pangan lokal ajeg dipun gelar saben taun, kangge mengeti  Hari Pangan Sedunia awit  maskot pameran samangke pisang  pramkila maneka jinis pisang ingkang ageng-ageng cumawis  ing papan gumelaring pameran. Kajawi punika,  sawetawis stand ugi nyawisaken  maneka bibit pangan ingkang sae mutunipun. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.