Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Impor Pacul Damel Kuwatosipun Perajin

Impor Pacul Damel Kuwatosipun Perajin

Klaten, www.jogjatv.tv – Wontenipun kawicaksanan pamarentah ingkang badhe impor pacul, nuwuhaken kuwatosipun para pandhe ing Klaten Jawa Tengah. Bab kasebat awit para pandhe ngantos samangke inggih taksih damel pacul satemah nalika badhe wonten impor pacul, para pandhe kuwatos badhe kangelan anggenipun badhe nyade pacul damelanipun.

Ngantos samangke para pandhe ing Padhukuhan Karangpoh, Desa Bonyokan, Jatinom, Klaten, Jawa Tengah. damel maneka gaman kangge olah tetanen, kadosta pacul, arit lan sapanunggalanipun dene wohing pakaryanipun para pandhe kasebat anggenipun nyade dhateng sawetawis peken ing tlatah DIY lan Jawa Tengah nanging samangke para pandhe rumaos kuwatos wontenipun kawicaksanan saking pamarentah ingkang badhe impor pacul saking Tiongkok. Para pandhe kuwatos badhe saya kangelan anggenipun nyade pacul damelanipun.

Jinis pacul damelanipun para pandhe ing Klaten maneka warni, wiwit saking pacul DPU ngantos pacul kangge olah tetanen. Reginipun wiwit saking seket ewu ngantos kalih atus ewu rupiyah, gumantung ukuran lan jinis bahan bakunipun. ( Sri Haryadi )

Share this with friends

Comments are closed.