Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Sandiwara Kolosal Kekwa Alami Mimpimu

Sandiwara Kolosal Kekwa Alami Mimpimu

Sleman,www.jogjatv.tv – Satunggaling sandiwara kolosol bab lingkungan hidup dipun gelar dhateng GOR Klebengan Bulak Sumur UGM. Sandiwara kolosal sesirah kekwa alami mimpimu, nyariyosaken bab panggesangan kalih suku ingkang sakawit rukun nanging tundhanipun crah. Sandiwara punika inggih minangka tanggapan awit winatesipun sarana panglipur ingkang ramah anak lan ngemot piwucal gesang.

Kekwa inggih putranipun kepala suku amungwa, suku ingkang ngasilaken lisah. Lan supados saged gesang, suku amungwa tembayatan kaliyan suku ingkang gadhah toya, inggih punika suku aiduma. Awit sami dene mbetahaken, kekalih suku punika gesang kanthi rukun lan tentrem. Nanging kerukunan punika tundhanipun dados rengka sasampunipun toya suku aiduma telas jalaran risakipun ekosistem alam. Nalika suwasana kirang sekeca punika, danum yoganipun kepala suku aiduma sakit dadakan. Kanthi niat kepengin ngusadani danum lan mangsulaken wewengkon dhusun kekalih, kekwa sesarengan kanca kancanipun kesah pados te ao, satunggaling uwit panggesangan ingkang dados legenda, lan dados tandha larasing alam. Nanging lampahipun pados te ao kebak pepalang. Bab kasebat jalaran miturut cariyos lan cathetan kina, te ao namung wonten ing jaman kawuri. Tundhanipun kekwa lan kanca kancanipun kasil mlebet dhateng wanci kawuri ngginakaken satunggaling mesin waktu damelanipun apangsingik, satunggaling ilmuwan ingkang dipun anggep ewah. Kekwa lan kanca kancanipun mlebet dhateng wekdal antara, inggih punika wekdal nalika alam risak awit serakahipun jalma manungsa. Sinaosa kaancam boten badhe saged wangsul dhateng wekdal sakawit, awit mesin waktu damelanipun apangsingik namung saged dipun ginakaken kaping kalih, nanging kekwa tetep nekat kangge pados te ao.,

Yan parhas, produser kekwa alami mimpimu mratelakaken, pagelaran punika minangka tanggapan awit winatesipun panglipur ingkang ramah anak sarta ngemot piwucal gesang. Kaajab pagelaran samangke saged dados pilihan rekreasi edukatif tumrap lare lan kulawarga ing pungkasaning taun. Wondene tema lingkungan dipun pilih awit wewengkon lan alam saya risak. Awit saking punika prelu dipun tanemaken kesadaran dhateng lare lare minangka penerus.

Sandiwara kolosal punika kanthi durasi 90 menit tetela narik kawigatosan pamirsa, awit lampah perjuwanganipun kekwa lan kanca kancanipun kangge milujengaken wewengkon ingkang samangke saya risak. ( Tim Liputan Jogja TV )

 

Share this with friends

Comments are closed.