Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Wisata Candhi Borobudur Nalika Liburan

Wisata Candhi Borobudur Nalika Liburan

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Tumapak pungkasaning taun, wisatawan ingkang plesir dhateng Candhi Borobudhur sampun wiwit suda. Dene nalika liburan Maulid Nabi lan Natal wiwit tanggal 24 ngantos 26 Desember kapengker, candhi borobudhur regeng dening kathahing wisatawan.

Kathahing wisatawan ingkang plesir dhateng taman wisata Candhi Borobudur dinten selasa siyang sampun katingal suda tinimbang nalika wanci libur Natal ing tanggal 24 ngantos 26 Desember kapengker. Bab kasebat katingal ing pintu mlebet zona 1 kawasan cagar budaya candhi budha ingkang ageng piyambak sadonya kasebat sampun boten dhedhel dening wisatawan. Sinaosa makaten, sudanipun gunggung wisatawan samangke boten mangaribawani dhateng pangangkah utawi target kunjungan. Miturut data ing taman wisata Candi Borobudur, kangge wulan Desember pangangkah 500 ewu wisatawan sampun kasembadan. Samangke pengelola taman wisata nedheng ngangkah ing wulan Desember punika 3,6 Yuta wisatawan, dene ngantos tanggal 28 Desember kapengker saweg nggayuh 3,4 Yuta wisatawan, inggih wisatawan domestik lan ngamanca. Dene kangge mujudi pangangkah kasebat, rantamanipun ing malem warsa enggal badhe dipun gelar maneka panglipur kadosta konser musik lan pesta lampion. Kaajab kanthi wontenipun kridha kasebat saged narik krentegipun wisatawan lan pangangkah saged kasembadan. ( Yuki Pramudiya )

Share this with friends

Comments are closed.