Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Redana PKH Triwulan 4 Cair

Redana PKH Triwulan 4 Cair

Sleman, www.jogjatv.tv – Bantuwan redana kangge keluarga sangat miskin, KSM saking Pemerintah Pusat kangge triwulan kaping sekawan taun 2015 ing Sleman sampun mandhap, lan saged dipun pendhet dhateng kantor pos ing saben wilayah. Awit saking punika, samangke prasasat sedaya Kantor Pos ing Sleman saben dintenipun tansah kebak dening warga panampi bantuwan redana PKH kangge mendhet bantuwan kasebat.

Kados makaten punika suwasana Kantor Pos Seyegan Sleman ing dinten Selasa (29/12), nalika ngladosi mandhapipun redana bantuwan program keluarga harapan, utawi PKH saking Pemerintah Pusat. Miturut Kepala Bidang Sosial Dinas Tenaga Kerja Dan Sosial Kabupaten Sleman, Surono, taun 2015 samangke warga sleman ingkang kacathet nampi bantuwan redana PKH kathahipun 3.030 jiwa. Kathahipun redana ingkang dipun paringaken boten sami, gumantung tingkat kemiskinan, inggih punika antawis 950 Ewu Rupiah ngantos 3 Yuta 700 Ewu Rupiyah kangge saben tiyang ing saben taunipun. Dene anggenipun maringaken ing saben triwulan, lan kangge triwulan kaping sekawan taun 2015 samangke sampun dipun bayar wiwit sawetawis dinten kapengker dhateng saben kantor pos wilayah.

Surono ugi mratelakaken, program bantuan dana PKH punika kawiwitan ing taun 2008 kapengker, lan nalika samanten warga miskin ing Sleman ingkang nampi bantuwan kathahipun 4.375 jiwa. Nanging samangke sampun suda dados 3.030 jiwa. Sudanipun warga panampi bantuwan redana p-k-h punika, awit sawetawis bab, ing antawisipun sampun mentas saking kemiskinan lan kathah warga ingkang sampun boten nyekapi sarat kangge nampi bantuwan malih.

Surono ugi ngengetaken, laras lan pigunanipun, bantuan redana PKH punika dipun ginakaken kangge wragad penunjang pemeliharaan kesehatan tumrap ibu ingkang saweg mbobot utawi balita sarta kangge wragad penunjang sekolah. Awit saking punika, kaajab supados bantuwan redana kasebat dipun cakaken kanthi satrepipun. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.