Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

PAD Sleman Langkung Pangangkah

PAD Sleman Langkung Pangangkah

Sleman,www.jogjatv.tv – Ngantos minggu pungkasan wulan desember, pendapatan asli daerah utawi PAD Kabupaten Sleman Taun 2015 sampun nggayuh 618,68 Miliar Rupiah, utawi 107,12 persen saking pangangkah. Awit samangke dereng tutup buku, sarta taksih kathah wajib pajak ingkang dereng mbayar pajeg, pramila miturut pandugi PAD kasebat badhe saged wimbuh malih.

Miturut Kepala Dinas Pendapatan Daerah Kabupaten Sleman, Hardo Kiswoyo, ing wiwitan taun anggaran kapengker, pad sleman taun 2015 kaangkah 577,58 Miliar Rupiah. Nanging saweg tumapak minggu pungkasan wulan desember, sampun nggayuh 618, 68 Miliar Rupiah utawi 107,12 persen saking pangangkah sakawit. Awit saking punika, PAD taun 2015 sampun langkung saking pangangkah. Kamangka samangke taksih kathah wajib pajak ingkang dereng mbayar pajeg netepi kuwajibanipun, satemah hardo kiswoyo pitados ngantos tutup buku pungkasan taun, PAD badhe saged wimbuh malih.

Miturut Hardo Kiswoyo, PAD Sleman punika asal saking sekawan sektor inggih punika setoran pajak daerah kathahipun 366 koma 6 miliar rupiah, saking sektor retribusi daerah kathahipun 42,9 Miliar Rupiah, saking pengelolaan kekayaan daerah yang dipisahkan kathahipun 33,8 Miliar Rupiah lan saking sektor sanesipun 175,3 Miliar Rupiah. Dene samangke pad langkung saking pangangkah awit sawetawis bab, antawisipun trepipun rantaman sarta mindhakipun kesadaran masyarakat kangge mbayar pajeg. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.