Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Omset Bakul Souvenir Mindhak

Omset Bakul Souvenir Mindhak

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Sadanguning wanci liburan, para bakul ingkang ndhasaraken daganganipun dhateng wewengkon Kraton Ngayogyakarta, omset panyadening barang daganganipun mindhak. Racakipun wisatawan sami blanja maneka pernak pernik lan ugi tiron pepethan tugu, sarta busana bathik, kangge oleh oleh.

Kadosta ingkang dipun telakaken dening salah satunggaling bakul bathik ing wewengkon Kraton Ngayogyakarta, Yono. Miturut Yono, taun samangke omset panyadenipun mindhak langkung kathah tinimbang taun kawuri, awit taun samangke liburan natal nyarengi wekdal kaliyan muludan utawi sekatenan.

Para wisatawan ingkang plesir dhateng wewengkon kraton, racak sami blanja maneka sovenir kangge oleh oleh, antawisipun wujud pepethan tugu lan ugi busana bathik maneka cakrik. ( Tim Liputan Jogja Tv )

 

Share this with friends

Comments are closed.