Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ngawekani Laka Laut, Ditpolair Ndhapuk Pos PAM

Ngawekani Laka Laut, Ditpolair Ndhapuk Pos PAM

Bantul, www.jogjatv.tv – Kangge ngawekani dumadosipun kecelakaan laut nalika pahargyan tumapaking warsa enggal benjing, Direktorat Polisi Air Polda DIY ndhapuk pos pengamanan dhateng sawetawis pesisir tlatah DIY, kejawi suka ladosan keamanan pos punika ugi suka ladosan kasarasan sarta evakuasi menawi dumados kacilakan.

Wiwit Tanggal Nemlikur Desember kapengker, Direktorat Polisi Air, Ditpolair Polda DIY ndhapuk pos pengamanan dhateng sawetawis papan wisata pesisir ing DIY, antawisipun dhateng Pesisir Glagah Kulon Progo, Pesisir Baru lan Parangtritis ing Bantul, sarta Pesisir Baron lan Indrayanti ing Gunungkidul. pos-pos punika kangge suka ladosan keamanan tumrap warga lan wisatawan, sarta suka ladosan kasarasan lan evakuasi nalika dumados kacilakan ing wewengkon pesisir.

Direktur Polair Polda DIY, Kombes Pol Endang Karnadi, mratelakaken, pos pengamanan punika saestunipun inggih perangan saking lampahing operasi lilin progo dening Polda DIY. nanging nulad saking kedadosan klelepipun wisatawan dhateng pesisir baron sawetawis wekdal kapengker, pramila pos pam kasebat dipun indhakaken lampah operasinipun, saking menjaga keamanan pesisir dados pelayanan pesisir. tegesipun, kanthi ajeg ing jam jam regeng badhe wonten petugas polair ingkang nurut pesisir lan ngengetaken wisatawan ingkang anggenipun ciblon lan nglangi nengah dhateng seganten. Ditpol Air ugi tembayatan kaliyan Basarnas lan Sarlinmas Parangtritis kangge ngawekani dumadosipun kecelakaan laut,,

Pos pengamanan Polair Polda DIY punika badhe suka ladosan dhateng masyarakat ngantos Tanggal Gangsal Januari benjing. nanging mligi ingkang malem warsa enggal, gunggung personel ingkang ngayahi ugi badhe dipun tambah. masyarakat ingkang badhe libur dhateng pesisir ugi kaajab boten ciblon lan nglangi nengah dhateng seganten kangge nyuda risiko keseret aluning seganten. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.