Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Liburan, Omset Kusir Mindhak 90 Persen

Liburan, Omset Kusir Mindhak 90 Persen

Yogyakarta,www.jogjatv.tv – Wanci liburan dados berkah tumrap para bakul lan kusir andhong, ing tlatah Malioboro awit ing wanci, libur pungkasan taun, kathah wisatawan saking sawetawis wewengkon Indonesia ingkang plesir dhateng Kitha Ngayogyakarta. Boten namung wisata pesisir, ingkang dados jujugan wisatawan, teleng papan blanja lan kuliner ing tlatah Malioboro ugi regeng dening wisatawan. Kawontenan kasebat, dados berkah menggahing kusir andhong. Miturut salah satunggaling kusir, Ferdian Eka Saputra, sadanguning liburan omsetipun mindhak 90 persen. Menawi padatan namung narik sepisan, ing wanci liburan narik kaping 4 ngantos 5 saben dinten. Saben rombongan taripipun Rp 100.000,00 ewu ngantos Rp 150.000,00.

Kajawi kusir andhong wisata, liburan samangke ugi dados berkah menggahing tukang becak, kadosta Nuriman. Sadanguning liburan omsetipun mindhak 30 persen. Menawi padatan saben dinten narik kaping 3 ngantos 4, samangke saged kaping 5 ngantos kaping 7 dene saben narik taripipun Rp 15.000,00 ngantos Rp 20.000,00.

( Twin Kumilah )

Share this with friends

Comments are closed.