Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Liburan Pesisir Gunungkidul Regeng

Liburan Pesisir Gunungkidul Regeng

Gunungkidul, www.jogjatv.tv –Sadanguning libur natal, wisata pesisir kidul Gunungkidul regeng dening wisatawan.

Saben libur panjang, wisata pesisir ingkang tansah dados jujugan wisatawan, antawisipun Pesisir Indrayanti utawi Pulang Sawal. Wiwit enjing, pesisir kasebat, regeng dening wisatawan. Ewonan wisatawan katingal ciblon dhateng kisiking samodra. Parkiran ugi kebak kendaraan. Wisatawan ingkang dhateng Pesisir Indrayanti racakipun saking sajawining DIY, antawisipun saking Bandung, Surabaya, Jakarta, lan Semarang.

Salah satunggaling wisatawan saking Bandung, Erik rumaos kesengsem dhateng kaendahan Pesisir Indrayanti, ingkang endah lan taksih alami. Kejawi Pesisir Indrayanti, Pesisir Kukup, Baron lan Krakal ugi dados jujugan wisatawan ing wanci libur natal. Miturut pandugi, ngantos gumantosing warsa enggal benjing, wisata pesisir kidul Gunungkidul badhe tansaya regeng.

( Anjar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.