Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Gembiraloka Regeng Dening Wisatawan

Gembiraloka Regeng Dening Wisatawan

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Wiwit libur natal, ngantos samangke Gembiraloka Zoo taksih regeng dening wisatawan. Fasilitas rekreasi lan koleksi sato kasebat, tansah dados daya tarik tumrap wisatawan.

Maneka wahana ingkang dipun remeni dening wisatawan, antawisipun Kapal Katamara, gajah tunggang , onta sarta atraksi sato. Boten namung saking ngayogyakarta kemawon, wisatawan ingkang dhateng ugi kathah saking sajawining kitha, kepara sajawining Pulo Jawa. Kadosta Dian Wulandari saking Bontang, Kalimantan sarta Edy Ruswantoro, saking Gunungkidul.

Miturut Manager Marketing Gembira Loka Zoo, Agnes Armi puncak kunjungan libur natal dumados ing dinten minggu tanggal 27 desember, cacahing wisatawan nggayuh 17.500 wisatawandene ing wanci libur pungkasan taun benjing, kaangkah 31 ewu wisatawan plesir dhateng Gembiraloka.

( Hari Atmaja )

Share this with friends

Comments are closed.