Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Konfercab NU Sleman

Konfercab NU Sleman

Sleman, www.jogjatv.tv – Pimpinan Cabang Nahdatul Ulama (NU) Kabupaten Sleman, nggelar konferensi cabang, mapan ing Sekolah Al-Azhar Sleman, dinten Minggu (27/12) siyang.

Konfercab Pimpinan Cabang Nahdatul Ulama Kabupaten Sleman, dipun rembag tigang bab, inggih punika, evaluasi pelaksanaan program kerja pimpinan cabang NU Sleman taun 2010-2015, ngrantam program kerja, sarta milih pengurus enggal pimpinan cabang NU Kabupaten Sleman masa bhakti taun 2015-2020. Salebeting kalodhangan kasebat, Mohamad Ismail kapilih dados Ketua Tanfidiah Pimpinanan Cabang Nahdatul Ulama Kabupaten Sleman, gantos ketua lami Nurjamil Dimyati, dene Kyai Haji Mas’ud Masduki kapilih dados Ketua Suriyah PCNU kabupaten.

Miturut Wakil Ketua Pimpinan Wilayah NU DIY, Jadul Maulana, wiwit abad 19,.para tokoh ulama Indonesia sampun ngabsahaken dasar-dasar Islam sebagai sikap nasionalisme bangsa. Awit saking punika, para nahdliyin kedah nuhoni pranatan Nagari Republik Indonesia.

Wondene miturut Kabag Kesra Kabupaten Sleman, Heri Sutopo, ing jaman samangke kathah perkawis ingkang dipun adhepi bangsa Indonesia, mliginipun penyakit masyarakat ingkang maneka warni, tundhanipun kamtibmas kirang. Awit saking punika dipunbetahaken sanget kiprahipun maneka organisasi massa, kalebet NU salebeting mujudi katentreman ing madyaning masyarakat.

( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.