Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Safari Sholawat Al-Barzanji

Safari Sholawat Al-Barzanji

Klaten, www.jogjatv.tv – Dinten Setu (19/12),Umat Islam ing sawetawis desa wewengkon Kecamatan Karanganom Klaten nindakaken dzikir lan tahlil, minangka wujud syukur dhateng ngarsaning gusti. salebeting kalodhangan kasebat ugi dipun tindakaken Sholawat Al–Barzanji.

Kumandhanging shalawatan binarung ungeling terbang kapireng mangungkung. atusan umat islam saking sawetawis desa ing wewengkon Kecamatan Karanganom Klaten, tumut salebeting dzikir lan tahlil, mapan ing plataran Kantor Desa Kunden, Kecamatan Karanganom Klaten, Jawa Tengah.

Miturut Ahmad Komarudin, pembina Safari Sholawat Al-Barzanji kridha kasebat dipun adani saben selapan sepisan utawi saben 35 dinten sepisan dene samangke ingkang tumut shalawat sampun langkung saking kalih ewu warga. Safari shalawat sampun dipun tindakaken wiwit kalih taun kapengker, kanthi giliran papan dhateng desa ngadesa. minangka sarana kangge nyaket dhateng gusti.

Al-Barzanji utawi berjanjen inggih isi donga pamuji sarta cariyos riwayat Kangjeng Nabi Muhammad SAW, ingkang padatan kanthi wujud tembang. isining Al-Barzanji antawisipun cariyos nalika sugengipun Kangjeng Nabi, jaman nalika taksih timur ngantos diwasa lan dipun angkat dados Rosul. Al Barzanji ugi nyariyosaken watak utama Kangjeng Nabi sarta maneka lelampahan ingkang dados patuladhan tumrap umat. (Sri Haryadi)

Share this with friends

Comments are closed.