Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Patembayatan Pariwisata

Patembayatan Pariwisata

Kota Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Kangge nambah kunjungan wisata dhateng DIY lan Johor Malaysia, dinas pariwisata kekalih papan punika badhe nindakaken patembayatan ngrembakakaken papan wisata.

Patembayatan pengembangan objek wisata dipun gagas dening Asosiasi Tour And Travel sesarengan Dinas Pariwisata DIY lan Kementrian Pariwisata Johor Malaysia. Kejawi sampun wonten jalur penerbangan langsung saking DIY dhateng Malaysia, kekalih bebadan punika ugi ngrantam badhe damel paket wisata keluarga saking utawi dhateng Johor Malaysia. Sinaosa Indonesia lan Malaysia inggih negari serumpun ingkang gadhah papan wisata meh sami nanging patembayatan punika dipun gatra awit wontenipun bab ingkang beda ing papan wisata DIY lan Johor. Lumantar patembayatan, pehak Johor Malaysia ngangkah kunjungan wisatawan saking DIY taun 2016 benjing mindhak watawis 8 persen utawi watawis 40 ewu wisatawan, saking gunggung wisatawan taun 2015 ingkang ngantos 875.347 wisatawan.

Ketua Asosiasi Tour And Travel-Asita DIY nampi kanthi remen wontenipun patembayatan wau. Bab kasebat jalaran Johor Malaysia kawentar gadhah papan wisata berbasis teknologi wondene ing DIY unggul ing babagan objek wisata berbasis heritage lan alam. Satemah menawi kekalihipun patembayatan badhe saged lumampah daya dinayan lan mbebatheni tumrap kekalihipun.

Kejawi ing DIY, tembayatan pariwisata Indonesia lan Malaysia ugi dipun tindakaken dhateng Bandung, Surabaya lan Bali. Kaajab patembayatan punika saya njurung sesambetan kalih nagari saged langkung sae malih. (Fauzan Ahmad)

Share this with friends

Comments are closed.