Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Wanci Liburan Kangge Supitan

Wanci Liburan Kangge Supitan

Bantul, www.jogjatv.tv – Wanci libur sekolah saged dipun tanjakaken kanthi maneka kridha. boten namung mlempak , plesir utawi sanja sedherek kaliyan kulawarga kemawon nanging ugi saged dipun isi kanthi maneka kridha gumathok sanesipun. kadosta ingkang dipun tindakaken dening takmir Masjid Al Hidayah, Bakalan, Pendowoharjo, Sewon, Bantul, ingkang ngadani kridha supitan massal nalika wanci libur sekolah samangke.

Atusan lare umur 6 -9 taun, dinten Minggu (20/12) siyang dhateng ing Masjid Al Hidayah Bakalan, saperlu tumut supitan massal ingkang dipun adani dening takmir masjid Al Hidayah. Tumapak wanci libur sekolah samangke, takmir masjid pancen sengaja nggelar kridha sosial wujud supitan massal, minangka wujud kepedulian sosial warga Bakalan.

Taun kapengker takmir ngadani bakti sosial, dene taun samangke kanthi supitan missal. Wonten watawis 120 lare ingkang tumut supitan massal.

(Anang Zainuddin)

Share this with friends

Comments are closed.