Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Sadranan Kalibulus

Sadranan Kalibulus

Sleman, www.jogjatv.tv – Sadranan inggih lampah adat tilaran  nenek moyang ingkang mengku werdi wigati, antawisipun gotong royong, tepa salira, tata karma lan tata trapsila. Sadranan suka pangaribawa ageng salebeting nggatra bebuden luhur sarta lampah spiritual lan dados kalodhangan kangge  memetri kagunan  budaya adiluhung.

Dhusun Kalibulus, Bimortani, Ngemplak, Sleman, mujudaken salah satunggaling wewengkon  ingkang ngantos samangke taksih memetri  tradisi sadranan. Awit saking punika, setaun sepisan, saben tanggal 23 Ruwah, warga nyadran. Upacara dipun pandegani dening para sesepuh, kanthi dipun regengaken kirab budaya, kaombyong bregada prajurit ngarak sesaji lan wulu wedaling  bumi. Kirab bidhal saking griya  sesepuh dhusun tumuju  pasareyan cikal bakal dusun, inggih punika Eyang Demang Suto Wiryo, ingkang ageng labuh labetipun tumrap warga Dhusun Kalibulus. Minangka tandha bekti dhateng leluwuripun,  para sesepuh lan masyarakat, dedonga sesarengan lan ngintun dhateng pasareyan Eyang Demang Suto Wiryo.

Sasampunipun ziarah, warga dedonga sesarengan  nyuwun pangaksama lan memuji syukur awit sih nugraha Gusti Ingkang Hakarya Jagat kalajengaken dahar kembul, wujud guyub rukuning warga.

Sadranan manunggalaken budaya lan religi , ingkang kebak filosofi menggahing bebrayan jawi awit saking punika masyarakat mliginipun generasi muda kedah tumut njagi katentreman lan kerukunan, nuhoni pranatan ingkang wonten, ngaosi labuh labet para leluwur sarta greget memetri tradisi, minangka kaksaya Bangsa Indonesia. ( Heri Susanto )

Share this with friends

Comments are closed.