Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Kirab Budaya Sadranan Jaranan

Kirab Budaya Sadranan Jaranan

Sleman, www.jogjatv.tv – Atusan warga Dhusun Jaranan, Argomulyo, Cangkringan, Sleman , dinten Rebo (1/6) siyang nggelar Kirab Budaya Sadranan. Beda kaliyan taun kapengker, kirab samangke, ugi dipun regengaken kesenian hadroh .

Sadranan boten namung dipun estreni dening warga Dhusun Jaranan kemawon nanging ugi dipun estreni warga dhusun sanes antawisipun Dhusun Karanglo, Dhusun Cangkringan, lan Dhusun Brongkol. Nyadran dipun tindakaken kanthi turun temurun dening warga dene samangke tata rakiting upacara  sakelangkung mranani lan agamis. Nyadran ing Sasonolaya Jaranan kapurwakan kirab bregodo saking Yayasan Sendang Kamulyan, pimpinan Handaru Rasuna Said. Nyadran inggih salah satunggaling kupiya kangge  memetri  kagunan budaya adiluhung lan kangge dongakaken  arwah para leluwur. Tradisi sadranan boten namung dipun estreni dening  umat islam kemawon nanging  ugi pangrasuk agama sanes. Nyadran kebak aos budaya lan kamanunggalan, ingkang badhe ndayani guyub rukuning masyarakat.

Sasampunipun ziarah dhateng pasareyan Ki Bodreyo ing  Sasonoloyo Jaranan , warga tahlilan lan dedonga sesarengan nuli dahar kembul. Elokipun, salebeting sadranan samangke, panitia nyawisaken bebingah ingkang mranani tumrap warga. ( Heri Susanto )

Share this with friends

Comments are closed.