Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Seminar Panggih Penganten Gagrag Ngayogyakarta

Seminar Panggih Penganten Gagrag Ngayogyakarta

Sleman,www.jogjatv.tv – Paguyuban Paes Manten Sekar Sedah Ngayogyakarta, dinten Rebo enjing (1/6) ngadani Seminar Panggih Penganten Gagrag  Ngayogyakarta, mapan ing Joglo Mlati,Sleman. Seminar dipun estreni atusan juru paes lan panatacara sa DIY. Ancasipun kangge  suka  seserepan bab pepakem Upacara Panggih  Gagrag Ngayogyakarta.

Miturut ketua panitia seminar, Pascalia Endah Rahwati, gadhah gagasan nggelar Seminar Panggih Penganten Gagrag Ngayogyakarta awit ngantos  samangke para juru paes dereng pana bab pepakem Upacara Panggih Gagrag Ngayogyakarta dene ingkang paring pangandikan salebeting seminar inggih empu paes,Bawuk Sumiyati.

Cundhuk pepakemipun, tata rakiting Upacara Panggih Penganten Gagrag Ngayogyakarta wonten 9-10 rambahan, kawiwitan srah-srahan sanggan, mbucal kembar mayang dhateng prosekawan margi kangge tolak balak, mbalang gantal, mijiki suku penganten priya,  kacar kucur, dahar klimah lan mapag besan. Menawi tata rakiting upacara leres badhe ndayani swasana upacara langkung tidhem.Lampahing  seminar dipun regengaken pagelatan Tari Bondan. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.