Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ruwah, Bakul Sekar Mratah

Ruwah, Bakul Sekar Mratah

Solo, www.jogjatv.tv – Tumapak Wulan Ruwah, samangke mratah bakul ingkang sadeyan sekar kangge kabetahan ngintun utawi sadranan. Para bakul sekar sampun wiwit nggelar barang daganganipun dhateng pinggir margi sakiwa tengen Peken Kembang, Solo. Boten kados dinten padatan, ingkang limrahipun para kadang bakul namung sadeyan dhateng Peken Kembang, samangke nalika kathah warga ingkang nindakaken jiarah utawi sadranan, para bakul sekar anggenipun sadeyan luber ngantos sakiwa tengen peken.

Tumrap bebrayan jawa, Wulan Ruwah utawi Sya’ban, sewulan saderengipun tumapak Wulan Siyam, inggih wanci ingkang trep kangge jiarah lan besik pasareyan. Boten namung Warga Solo kemawon, ugi kathah warga saking sanjawining rangkah ingkang merlokaken wangsul kangge nyadran utawi jiarah, kadosta saking Jakarta, Bandung lan Surabaya. Kangge nyekapi kathahing kabetahan sekar, para bakul sekar ugi nambah pasudiyan daganganipun. Kejawi punika ugi kathah bakul tiban ingkang sadeyan sekar, ngengeti ing Wulan Ruwah samangke regi sekar langkung awis tinimbang padatan.

Miturut salah satunggaling bakul sekar, Sulami, ing mangsa sadranan samangke, kabetahan sekar sakalangkung kathah. Padatanipun, ing dinten limrah, sadinten kathah kathahipun namung pajeng sekawan pondok, nanging ing mangsa sadranan samangke sabotenipun saged pajeng ngantos langkung saking sedasa pondok.

 

Sekar kangge ngintun inggih sekar mawar abrit pethak, melathi, kanthil lan kenanga. Regi panyadenipun inggih maneka warni, ukuran tempelangan Rp.5000,00 mawi kranjang alit antawis Rp.20.000,00-Rp.25.000,00 dene menawi sakranjang ageng reginipun Rp.50.000,00. Regi sekar badhe saya mindhak ngantos tikel kaping kalih, ndungkap tumapak Wulan Siyam benjing. ( Heru Kristianto )

Share this with friends

Comments are closed.