Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

RSUD Wonosari Ngindhakaken Ladosan

RSUD Wonosari Ngindhakaken Ladosan

Gunungkidul, www.jogjatv.tv – Kangge ngindhakaken ladosan kasarasan dhateng masyarakat, RSUD Wonosari samangke sampun nambah bangsal perawatan lan ruwang operasi sarta TV LED, ingkang saged dipun ginakaken kangge nyemak kapasitas ruang perawatan pasien. Kaajab kanthi wimbuhipun sarana prasarana kasebat, ladosan dhateng masyarakat ing babagan kasarasan saged langkung sae malih.

Rumah Sakit Umum Daerah (RSUD) Wonosari ingkang mujudaken rumah sakit gadhahanipun Pemerintah Kabupaten Gunungkidul, mbaka sekedhik ngindhakaken ladosan kasarasan dhateng masyarakat. Bab kasebat antawisipun kanthi nambah ruwang perawatan kelas 1, kelas 2 lan VIP, kanthi gunggung tempat tidur 178 unit. Kejawi bangsal perawatan, RSUD Wonosari ugi sampun jinangkepan ruang operasi, poliparu lan ruang ICU.

Nalika RAWUH dhateng RSUD Wonosari, Bupati Gunungkidul, Badingah, ngajab, wimbuhipun fasilitas kedah sinarengan mindhakipun gunggung paramedis lan dokter. ( Ajar Ardityo )

Share this with friends

Comments are closed.