Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Gedung SD Risak

Gedung SD Risak

Sragen, www.jogjatv.tv – Gedung SD Negeri 2 Cepoko ing tlatah Sumberlawang, Sragen, 15 taun pungkasan boten pikantuk kawigatosan saking pemerintah. Tembok gedung sekolah benthet lan pondhasinipun mingset jalaran sawetawis polar ambles. Wewangunan gedung dhoyong lan mutowatosi rebah, makaten ugi  pager  sekolah.

Kepala SD N 2 Cepoko, mratelakaken sampun makaping-kaping  ngintunaken proposal perbaikan nanging ngantos samangke dereng pikantuk tanggapan gumathok saking  pemerintah kabupaten. Boten namung kepala sekolah samangke, para kepala sekolah ingkang lami ugi tansah ngajengaken proposal perbaikan ewa semanten ngantos samangke  dereng dipun tanggapi.

Jalaran kawontenan gedung sakalangkung bebayani, para guru gadhah gagasan nyuwungaken ruangan lan pintunipun dipun tutup supados lare-lare boten mlebet ruangan kasebat.  Kangge sawetawis wekdal, siswa kelas IV dipun pindah dhateng Gedung Polindes ingkang prasaja.

Sinaosa kawontenan gedung bebayani nanging sawetawis ruangan tetep dipun ginakaken kangge  Ujian Sekolah. ( Heru Kristanto )

Share this with friends

Comments are closed.