Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Umkm Dereng Samekta Ngadhepi MEA

Umkm Dereng Samekta Ngadhepi MEA

Sleman, www.jogjatv.tv – Miturut riset ingkang dipun tindakaken dening pusat Studi Asean Fisipol UGM Yogyakarta, tetela para pelaku Usaha Menengah Kecil Dan Mikro (UMKM) ing  DIY, dereng saged rebat unggul salebeting Masyarakat Ekonomi Asea (MEA). Nalika rawuh salebeting diskusi Optimalisasi Kredit Usaha Rakyat Untuk Pengembangan UMKM ingkang dipun adani dening Forum Wartawan Ekonomi Bisnis Yogyakarta ing Sleman, dinten Jemuwah (20/5) siyang, Dosen Fisipol UGM Yogyakarta, Hempri Suratno mratelakaken, salebeting riset kesiapan UMKM ngadhepi MEA ingkang dipun tindakaken dening Pusat Studi Asean Fisipol UGM Yogyakarta, peneliti nyemak 400 responden. Saking panaliten kasebat, kawuningan bilih para responden racakipun dereng samekta ngadhepi pasar bebas MEA, jalaran maneka pawadan, antawisipun pawitan ingkang winates, dereng saged ngginakaken teknologi informasi, inovasi produk andhap lan dereng gadhah sertifikasi Standar Nasional Indonesia (SNI ) sarta sertifikasi halal ingkang dipun betahaken salebeting pasar bebas. Awit saking punika, Hempri ngajab supados maneka pehak mliginipun para akademisi ngampingi pelaku usaha supados gadhah seserepan wiyar lan damel produk ingkang sae mutunipun, satemah saged jor-joran kaliyan barang ngamanca.

Hempri ugi nyaruwe dhateng pelaku usaha ingkang ngantos samangke dados korban politik, dening para pemangku kebijakan. Hempri ngajab supados pemerintah salebeting ngrantam pranatan sampun ngantos nglirwakaken kawula alit. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.