Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Rumah susun Kemenpera tumuli dipun tanjakaken

Rumah susun Kemenpera tumuli dipun tanjakaken

Purworejo, www.jogjatv.tv – Pemkab Purworejo tumuli badhe nanjakaken rumah susun bantuwan saking Kemenpera ingkang dipun bangun taun 2013 kapengker.

Penjabat Bupati Purworejo Jawa Tengah, Agus Utomo, dinten selasa (12/1) siyang tetinjo dhateng rumah susun bantuan saking Kemenpera ing Desa Pacor Kecamatan Kutoarjo sapinggiring jalur selatan. Rusun punika sampun dipun bangun taun 2013 lan ngantos samangke dereng tumanja kanthi satrepipun. Agus Utomo ugi mratelakaken rumah susun punika ing mangkenipun badhe langkung dipun tengenaken kangge warga masyarakat kalangan ekonomi lemah.

Rumah susun punika dipun bangun gangsal lantai, ingkang saben tingkat wonten kawanlikur kamar lan kalih kamar mligi kangge tiyang sepuh utawi jompo. Pemkab Purworejo tumuli badhe ndhata warga ingkang badhe mapan dhateng rumah susun punika, ngiras ugi ngrembag bab hak lan kuwajibanipun mapan dhateng rumah susun. ( Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.