Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Rekayasa pantun rajalele

Rekayasa pantun rajalele

Klaten, www.jogjatv.tv – Pemerintah Kabupaten Klaten tembayatan kaliyan Badan Tenaga Nuklir Nasional (BATAN) ngrembakakaken varietas pantun jinis rajalele kanthi nanjakaken teknologi nuklir. Sasampunipun lampah rekayasa radiasi, umur pantun rajalele langkung cekak lan inggilipun taneman saged langkung andhap tinimbang saking winih taneman sakawit.

Mapan dhateng Desa Gempol, Kecamatan Karanganom, Kabupaten Klaten, winih pantun rajalele ingkang sampun dipun rekayasa cobi dipun rembakakaken. Asilipun panen pantun rajalele saged langkung cepet inggih punika tigang wulan langkung tigang dinten, dene inggiling taneman ugi langkung andhap saking winih taneman sakawit inggih punika antawis pitungdasa senti. Sakawit pantun rajalele umur panenipun ngantos gangsal wulan dene inggilipun taneman saged ngantos satus pitungdasa senti satemah kathah petani ingkang memeng nanem pantun rajalele.

Kades Desa Gempol, Nusanta Herlambang, mratelakaken kanthi umur pantun ingkang cekak lan taneman boten inggil sanget kaajab petani purun nanem malih varietas rajalele punika. Taneman ingkang andhap badhe gampil kangge nggusah ama peksi lan boten gampil rubuh nalika katiyub barat.

( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.