Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Welingan rah dhateng PMI mindhak

Welingan rah dhateng PMI mindhak

Sleman,www.jogjatv.tv – Sinaosa kathah ingkang mbetahaken rah lan weling dhateng PMI Sleman, nanging PMI Sleman kuwalahan nyekapi welingan kasebat. Bab punika awit pasudiyan rah ing PMI Sleman winates lan gunggung pendonor ugi suda. Petugas donor darah PMI Sleman, Tiyur, mratelakaken welingan rah dhateng PMI Sleman saben dintenipun watawis gangsalwelas kantong rah. Nanging wiwit tumapak wulan Januari mindhak dados kalihdasa ngantos tigangdasa kantong ing saben dintenipun. Dene wiwit wulan Desember kapengker ngantos samangke cacahing pendhonor ugi suda, satemah pasudiyan rah ing PMI Sleman saya sekedhik, Kepara rah kanthi golongan B lan O sampun boten gadhah pasudiyan. Ngantos samangke dereng wonten pamundhutan saking masyarakat kangge aksi donor dharah. Kangge ngawekani bab kasebat PMI Sleman kepeksa sesambetan kaliyan para pendonor darah tetap ingkang dereng donor darah supados tumuli donor.

Tiyur nelakaken boten mangertos jalaranipun dene welingan rah dhateng PMI Sleman mindhak kathah. Welingan rah ing wulan Januari samangke saking sawetawis rumah sakit, racak inggih kangge cuci darah utawi tranfusi tumrap pasien penyakit dalam sanesipun. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.