Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Reparasi Mesin Ketik

Reparasi Mesin Ketik

Klaten, www.jogjatv.tv – Sinaosa saperangan bebadan Pemerintah lan Swasta sampun ngginakaken komputer kangge nggarap administrasi lan pemberkasan, nanging mesin ketik manual tetela tetep taksih dipun ginakaken kangge kaperluan mirunggan. Awit saking punika ladosan reparasi mesin ketik manual inggih taksih dipun betahaken. Kadosta ingkang dipun lampahi dening salah satunggal ladosan servis mesin ketik, Tri Margono, ing Kampung Kauman, Kalurahan Tonggalan, Kecamatan Klaten Tengah. Bengkel servis mesin ketik punika madeg wiwit  Taun 1948 lan ngantos samangke taksih lumampah. Ladosan servis mesin ketik kasebat dipun rintis dening simbahipun Tri Margono. Sinaosa taksih lumampah, nanging Tri Margono nelakaken bilih samangke pelangganipun saya suda, awit sampun awis awis ingkang ngginakaken mesin ketik manual. Rumiyin nalika taksih monceripun mesin ketik manual, bengkel punika saged nampi servis antawis sedasa ngantos gangsal welas mesin ketik ing saben dintenipun. Nanging ing jaman komputer samangke, saben wulan namung wonten kalih pelanggan kemawon ingkang servis mesin ketik.

Tri Margono mratelakaken, sawetawis bebadan ingkang taksih ngginakaken mesin ketik manual lan asring servis dhateng bengkelipun, antawisipun saking Kantor Pengadilan, Koramil, Kantor Kecamatan, Kantor Kelurahan, Sekolah, Notaris, lan ugi Pengacara. Bebadan kasebat taksih ngangge mesin ketik manual kangge njagi aslining berkas lan ngawekani manipulasi data. Tri Margono ugi nelakaken samangke kangelan anggenipun pados onderdil mesin ketik, awit sampun boten wonten toko ingkang nyade onderdil kasebat. Menawi wonten mesin ketik ingkang kedah gantos onderdil, pramila inggih kanthi cara kanibal, dipun pendhetaken saking mesin ketik ingkang sampun boten kangge malih. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.