Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Regi Sembako Wiwit Mindhak

Regi Sembako Wiwit Mindhak

Kulonprogo, www.jogjatv.tv – Sinaosa wulan siyam taksih 3 Minggu malih, nanging regi kabetahan baku dhateng sawetawis peken tradisional sampun wiwit mindhak. Kadosta dhateng peken Wates Kulonprogo,  regi kabetahan baku wiwit mindhak.

Para bakul nelakaken bilih mindhakipun regi punika awit kathahing welingan ingkang boten imbang kaliyan kathahing pasudiyan. Regi sembako sampun mindhak wiwit seminggu kapengker, kadosta gendhis pasir ingkang sakawit 12 ewu dados 14.500 saben kilo, tigan ayam ingkang sakawit 17 ewu mindhak dados 18 ewu saben kilonipun. Bawang samangke reginipun 33 ewu saben kilo, dene daging lembu tetep popog awis 120 ewu rupiyah saben kilonipun. Regi uwos ugi mindhak sinaosa tetep taksih limrah. Mindhakipun regi barang kabetahan kasebat mesthi kemawon njalari pisambatipun konsumen, langkung langkung samangke ndungkap wulan siyam. Awit saking punika lajeng kathah konsumen ingkang nyuda anggenipun blanja.

Warga ngajab ndungkap wulan siyam pamarentah nindakaken operasi pasar supados regi tetep popog mirah. ( Muhammad Sugeng )

 

 

Share this with friends

Comments are closed.