Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Tari Astungkara Sembada

Tari Astungkara Sembada

Sleman, www.jogjatv.tv – Tari kolosal anggenipun nggarap inggih boten gampil, awit mbetahaken patembayatan inggih koreografer, iringan, lan ugi para paraganipun. Kadosta tari kolosal Astungkara Sembada garapan Bidang Kesenian Pemkab Sleman, ingkang dipun paragani dening para Seniman Sleman punika, ingkang tetela nengsemaken.

seni tari kolosal produksi bidang Kesenian Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Sleman nalika pentas ing kapangan Denggung Sleman, ngregengaken pengetan ambal warsa saabad Kabupaten Sleman. Kanthi iringan gangsa, watawis satus penari saking Kabupaten  Sleman punika, mitontonaken kasagedanipun.

Salah satunggaling staf bidang Kesenian Dinas Budpar Sleman, Eko Feriyanto mratelakaken, tari Astungkara Sembada punika nggambaraken madegipun Kabupaten Sleman. Cariyos kawiwitan manunggalipun warga kaliyan para pangarsa, golong gilig gotong royong babad wana kababar dados papan ingkang subur. Kejawi punika ugi wonten gambaran upacara adat kadosta labuhan merapi. Maneka perkawis ingkang dumados ing pereng merapi kalebet asringipun erupsi, dipun tanggapi kanthi wicaksana. Kanthi greget gotong royong bantu binantu lan guyub rukun, maneka perkawis dipun adhepi sesarengan, satemah mawujud masyarakat ingkang makmur, aman lan raharja. ( Subardi )

Share this with friends

Comments are closed.