Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Regi Lombok Lan Tomat Mindhak

Regi Lombok Lan Tomat Mindhak

Magelang, www.jogjatv.tv – Tumapak mangsa panen raya, regi lombok lan tomat ing pereng Redi Merapi, Kabupaten Magelang mindhak. Atusan kadang bakul ing Stasiun Agro (Sta) Sewukan, Kecamatan Dukun, Kabupaten Magelang kedah rabatan kaliyan bakul sanesipunsupados saged kilakan tomat lan lombok.

Awit samangke tomat lan lombok langka, njalari reginipun mindhak. Tomat ingkang sakawit reginipun Rp 4.000,00 ngantos Rp 5.000,00 mindhak dados Rp 8.000,00 saben kilo dene tomat buah ingkang sakawit reginipun Rp 5 000,00 mindhak dados Rp 9.000,00 saben kilo.

Lombok rawit kriting ingkang sakawit reginipun Rp 20.000,00 ngantos

Rp 25.000,00 mindhak dados Rp 35.000,00 dene lombok abrit ingkang sakawit reginipun Rp 20.0000,00 mindhak dados Rp 25.000,00 saben kilo.

 

Lombok lan tomat samangke langka jalaran tumapak mangsa panen kathah jawah, satemah lombok lan tomat bosok.

Miturut pandugi ngantos tigang wulan ngajeng lombok lan tomat taksih langka awit kathahing jawah njalari asil panen petani sayuran suda.

 

(Yuki Pramudya)

Share this with friends

Comments are closed.