Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Taneman Lombok Katerak Virus

Taneman Lombok Katerak Virus

Klaten, www.jogjatv.tv – Taneman lombok ing Desa Dompyongan Kecamatan Jogonalan Klaten katerak virus, tundhanipun asil pane kadang tani sudap. Rubiman, salah satunggaling petani lombok,   namung saged pasrah dhateng kawontenan jalaran saperangan taneman lombok gadhahanipun katerak virus pramila taneman ingkang sampun wancinipun dipun panen garing,

Sakawit Rubiman nanem 4 ewu taneman lombok, nanging  samangke kantun 2 ewu ingkang gesang. Kawontenan kasebat njalari asil panenipun suda Miturut pandugi paneraking virus ngrebda awit kaperbawan kawontenan cuaca ingkang boten gumathok.

Kajawi katerak virus, ngantos samangke petani boten saged nemtokaken regi jalaran sampun dipun temtokaken dening para bakul. Satemah petani lombok kapitunan.

 

(Purwanto)

Share this with friends

Comments are closed.