Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

PAD Pariwisata Bantul Dipun Indhakaken

PAD Pariwisata Bantul Dipun Indhakaken

Bantul, www.jogjatv.tv – Sasampunipun kasembadan mujudi pangangkah Pendapatan Asli Daerah (pad) sektor pariwisata taun 2015, taun punika Dewan Perwakilan Rakyat Daerah Kabupaten Bantul badhe ngindhakaken target PAD pariwisata .

Miturut Kepala Dinas Kebudayaan Dan Pariwisata Bantul , Bambang Legowo DPRD Kabupaten Bantul badhe ngindakaken PAD pariwisata Rp 500 yuta menawi taun 2015 target PAD wisata Rp 10 miliar 550 yuta , taun punika dipun indhakaken dados Rp 11 miliar 50 yuta. Awit saking punika Bambang badhe budidaya mujudi target PAD kasebat sauger DPRD Bantul nyawisaken anggaran kangge ngupakawis lan mimbuhi fasilitas obyek wisata.

Target pariwisata taun punika pancen awrat awit  Jalur Jalan Lintas Selatan wiwit dipun bikak pramila kamangka saperangan wonten salebeting papan wisata pramila dipun kuwatosaken kathah wisatawan ingkang boten mbayar retribusi. Awit saking punika Disbudpar gadhah gagasan mboyong Tempat Pemungutan Retribusi Wisata utawi ngindakaken regi karcis. Ewa semanten sadeerengipun pehakipun badhe pirembagan langkung rumiyin kaliyan DPRD Bantul. (Anang Zainuddin)

Share this with friends

Comments are closed.