Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

REGI LOMBOK ANJLOG

REGI LOMBOK ANJLOG

Bantul, DIY www.jogjatv.tv Sampun watawis kalih minggu pungkasan, regi lombok anjlog. Kepara kangge lombok ageng reginipun anjlog ngantos Rp. 2.500 saben kilonipun. Sinaosa kedah nandhang kapitunan, nanging para petani boten saged tumindak kathah.

Makaten suwasana ing Bulak Sono, Parangtritis, Kretek, Bantul, dinten Selasa (2/11) siang. Sinaosa atusan hektar taneman lombok abrit ageng sampun tumapak mangsa panen raya, nanging namung sawtawis petani kemawon ingkang katingal manen lombok. Regi lombok abrit ageng ingkang anjlog, njalari para petani memeng ngurusi pategalanipun. Kepara boten wonten greget kangge manen tanemanipun. Tumapaking mangsa panen mboten njalari para petani remen, awit regi panyadening lombok samangke boten timbang kaliyan wragad tanem lan pangupakawisipun.

Lurah Desa Parangtritis, Kretek, Bantul, Topo mratelakaken, wiwit sedasa dinten pungkasan, regi lombok abrit ageng saya anjlog. Samangke regi lombok abrit ageng namung Rp. 2.500 saben kilonipun, lan boten saben bakul purun nampi asil panenipun petani. Bab kasebat njalari para kadang tani nandhang kapitunan sakalangkung kathah. Petani namung saged pasrah dhateng kawontenan, awit padatan ing mangsa ketiga kados makaten regi lombok kepara malah mindhak.

Kadiso, Ketua Gabungan Kelompok Tani Kelurahan Parangrtitis mratelakaken, samangke wonten 160,8 hektar pategalan ingkang dipun tanemi lombok abrit ageng. Ewonan petani njagakaken sanget dhateng asil panen taneman lombok punika, nanging tetela samangke regi lombok sakalangkung mirah, satemah para petani nandhang kapitunan sakalangkung kathah. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.