Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

PETANI DAMEL SUMUR BOR

PETANI DAMEL SUMUR BOR

Klaten Jawa Tengah www.jogjatv.tv Petani ing Desa Babadan, Kecamatan Karangdowo, Kabupaten Klaten,kepeksa damel sumur bor dhateng pasabinan, awit ilenan irigasi sampun asat. Bab punika kangge ngawekani gagal panen taneman pantun, eman menawi lajeng taneman puso.

Makaten punika taneman pantun ing pasabinan kanthi wiyar 80 hektar ing tlatah Desa Babadan, Kecamatan Karangdowo.Sinaosa makaten, petani samangke kangelan pados toya irigasi,awit lepen sampun asat. Pramila, kangge ngawekani puso lan gagal panen,petani kepeksa damel sumur bor lan kedah ngedalaken wragad sakalangkung kathah.

Kades Babadan, Jarodi mratelakaken, Desa Babadan asring kekirangan toya, mliginipun kangge olah tetanen ing mangsa ketiga samangke.Jarodi njurung supados petani damel sumur bor, sabotenipun pehak desa sampun ndamelaken sumur bor dhateng tigang titik, ing pangajab saben titik saged kangge nyekapi irigasi kirang langkung 80 hektar pasiten.Jarodi ngajab kanthi wontenipun sumur bor, petani saged tetep panen kanthi asil ingkang maremaken. ( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.