Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

PAMERAN PATUNG DHATENG MARGI

PAMERAN PATUNG DHATENG MARGI

Yogyakarta, DIY www.jogjatv.tv Ngayogyakarta kawentar minangka kitha ingkang sugih tradisi lan budaya. Kathah wohing pakaryan seni ingkang dados ciri mathi Kota Gudheg punika. Kadosta ing Jalan Margoutomo, puluhan patung maneka gatra lan rupa dipun jajar dhateng margi kirang langkung setunggal kilometer.

Pameran padatanipun dipun gelar dhateng ruwangan tertutup, nanging samangke para seniman patung lan seni rupa punika dipun tantang kangge mameraken wohing pakaryanipun dhateng papan umum tinarbuka. Boten namung patung, awit saben wohing pakaryan ingkang dipun pameraken gadhah teges mirunggan. Kadosta patung spiderman, ingkang nelakaken piweling bilih ing jaman globalisasi kados samangke, taksih kathah paraga panutan masyarakat ingkang samangke namung menggalihaken dhiri pribadhinipun piyambak, kamangka samangke taksih kathah ruwet rentenging perkawis ingkang kedah dipun udhari.

Wohing pakaryan wujud mobil sedan ingkang dipun plester, mengku teges gesang prayogi ingkang prasaja, sarta wohing pakaryan kanthi piweling supados boten parkir sembarangan, inggih punika wujud motor vespa ingkang dipun pasang dhateng sakiwa tengen Jalan Margo Utomo. Pameran  karya patung lan seni instalasi ingkang saweg sepisanan dipun gelar punika kanthi irah irahan Antawacana utawidialog.

Jogja Street Sculpture Project, rantamanipun badhe dipun gelar ngantos tanggal 15 Desember benjing, kanthi mameraken sabotenipun 32 patung ingkang sumebar sauruting Jalan Margoutomo, utawi sakiwa tengen tugu pal putih ngantos kreteg Kleringan. ( Fauzan Ahmad )

Share this with friends

Comments are closed.