Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Regi Lombok Anjlog

Regi Lombok Anjlog

Purworejo, www.jogjatv.tv – Regi lombok ijem dhateng sawetawis peken tradisional tlatah Purworejo, Jawa Tengah, anjlog. Saking panyemak tim Jogja tv, regi lombok ijem samangke namung Rp 3500,00 saben kilonipun mandhap saking regi sakawit Rp 8.000,00 – Rp 12.000,00 saben kilonipun. Miturut kadang bakul, sewulan pungkasan regi lombok anjlog jalaran pasudiyanipun kathah awit samangke ngleresi mangsa panen.

Anjlogipun regi lombok ijem, njalari petani lombok kapitunan. Jalaran kuciwa,   petani lombok ing Desa Kendalrejo Purworejo, kirang greget manen lombok kamangka ing desa kendalrejo, wonten 20 hektar taneman lombok ingkang samangke dereng dipun panen. ( Pambudi Nugraha )

Share this with friends

Comments are closed.