Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Ngeculaken Sidat Kangge Njagi Ekosistem

Ngeculaken Sidat Kangge Njagi Ekosistem

Bantul, www.jogjatv.tv – Sidat ngandhut gizi ingkang kathah dene reginipun ugi awis. Bab wau tetela cengkah kaliyan pangrembakanipun. Kangge njagi lestarining ekosistem sidat ing lepen lan bendungan, Dinas Kelautan Dan Perikanan DIY, tambayatan kaliyan fakultas pertanian UGM lan iroha sidat Indonesia, dinten selasa (27/10) siang ngeculaken   sidat Nagulilla Species ing komplek Watu Ngelak, Puton sarta dhateng tlatah Trimulyo, Jetis, Bantul. Salebeting kalodhangan kasebat dipun culaken 70 kilo bibit sidat dhateng lepen opak.

Miturut Pakar sidat ingkang ugi dosen perikanan UGM, Sukardi, populasi sidat samangke suda awit kathah ingkang madosi pramila reginipun sakelangkung awis. Bab wau dipun kuwatosaken ngancam ekosistem sidat kamangka dereng wonten teknologi ingkang saged dipun tanjakaken kangge ngrembakaken sidat dhateng blumbang. Sidat gesang ing alam lan   sasampunipun diwasa, tumuju seganten kangge kawin. Awit saking punika budiaya sidat lampahi kanthi pados anakan sidat utawi glass eel dhateng lepen lajeng dipun ingah dhateng blumbang.

Miturut Kepala Dinas Kelautan Dan Perikanan DIY, Andung Prihadi , pehakipun kupiya nindakaken restocking maneka jinis ulam dhateng bendungan lan bantaran lepen ing wewengkon DIY. Awit saking punika, pehak swasta lan masyarakat ingkang dumunung ing bantaran lepen tumut njagi ekosistem. ( Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.