Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Regi Jagung Mindhak

Regi Jagung Mindhak

Klaten, www.jogjatv.tv – Sewulan pungkasan, para petani jagung ing tlatah Klaten wancinipun panen raya. Mangsa panen samangke bebatheni, tumrap kadang tani jalaran regi jagung garing mindhak. Sakawit Rp 3.300,00 mindhak dados Rp 4.400,00 saben kilo. Miturut salah satunggaling petani , Sumarni samangke regi jagung mindhak jalaran petani jagung ing Surabaya , gagal panen.

 

Sinaosa makaten tumapak mangsa rendheng samangke, mbetahaken wekdal dangu kangge mepe jagung. Nalika mangsa ketiga, jagung saged garing dipun pepe sedinten, nanging samangke betahaken wekdal 2 ngantos tigang dinten. (Haryadi)

 

Share this with friends

Comments are closed.