Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

TPS 30, Tps Ala Pejuwang

TPS 30, Tps Ala Pejuwang

Bantul, www.jogjatv.tv – Petugas KPPS tansah kupiya kanthi maneka cara kangge narik kawigatosan masyarakat supados boten golput lan greget ngginakaken hak pilih salebeting pilkada samangke. TPS 30 Tegal Krapyak, Panggungharjo, Sewon, Bantul, dipun gatra kanthi swasana perjuwangan, ngiras kangge nanemaken jiwa nasionalis tumrap paslon sartamasyarakat.

 

TPS 30 Tegal Krapyak dipun nggatra dados TPS ala pejuang kemerdekaan jangkep seragam pejuang, duplikat sanjata lan mobil perang.

 

Cacahing pemilih ing TPS 30, 431 pemilih dene coblosan lumampah kanthi rancag lan aman. Paslon ingkang kapilih kaajab nggadhahi jiwa nasionalisme kangge ngesuhi masyarakat. (Twin Kumilah)

Share this with friends

Comments are closed.