Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Pesta Demokrasi Cara Warga Sulang

Pesta Demokrasi Cara Warga Sulang

Bantul, www.jogjatv.tv – Maneka kupiya dipun lampahi dening KPPS supados masyarakat greget dhateng TPS ngginakaken hak pilihipun salebeting pilkada Bantul. Petugas KPPS nggatra TPS 17 Pedukuhan Sulang Kidul, Patalan, Jetis, Bantul kados papan gumelaring pawiwahan. Among tamunipun inggih paraga reog dene sedaya anggota KPPS ngangge busana jawa jangkep, lare-lare ingkang tumut dhateng TPS ajrih ningali paraga reog ingkang gegirisi kepara wonten ingkang nangis. Awit saking punika dening KPPS dipun sukani bebingah supados mendel.

 (Anang Zainuddin )

Share this with friends

Comments are closed.