Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Regi daging ayam mandhap

Regi daging ayam mandhap

Kota yogyakarta,www.jogjatv.tv – Regi daging ayam potong ing wewengkon Kota Yogyakarta samangke mandhap. Menawi saderengipun regi mindhak ngantos 40 ewu rupiah saben kilonipun, samangke mandhap dados 38 ewu rupiyah saben kilonipun.

Miturut salah satunggaling kadang bakul, Suharti, mandhapipun regi daging ayam punika awit wonten sawetawis jalaran, antawisipun warga ingkang blanja daging ayam namung sawetawis kemawon kamangka pasudiyan barang cekap.

Kejawi regi daging ayam, sawetawis bumbon reginipun ugi mandhap. Brambang ingkang sakawit regi 30 ewu ngantos 32 ewu rupiyah, samangke mandhap dados 27 ewu rupiyah saben kilonipun. Miturut salah satunggaling bakul, Yani, mandhapipun regi daging ayam lan brambang boten sinartan mandhapipun regi jinis bumbon sanesipun. Lombok rawit samangke reginipun mindhak awis ngantos 40 ewu rupiyah saking regi sakawit 30 ewu rupiyah saben kilonipun. Dene brambang ingkang sakawit selangkung ewu rupiyah samangke dados 30 ewu rupiyah saben kilonipun. Kawontenan punika awit pasokan saking diy boten nyekapi satemah kedah masok saking jawa timur.

( Twin Kumilah )

Share this with friends

Comments are closed.