Style Sampler

Layout Style

Patterns for Boxed Mode

Backgrounds for Boxed Mode

Popda kangge penjaringan atlet

Popda kangge penjaringan atlet

Klaten, www.jogjatv.tv – Atusan Siswa Sekolah Dasar tumut pekan olahraga pelajar daerah (Popda) tataran Kecamatan Bayat, Klaten, ingkang dipun gelar dhateng Lapangan Lemah Miring. Sabotenipun wonten 42 SD tumut salebeting Popda punika.Pekan olahraga pelajar daerah kawawas minangka salah satunggaling saka pembinaan olahraga nasional kangge penjaringan atlet berbakat lan berprestasi, Kejawi punika popda ugi saged kangge ajang Silaturahmi lan komunikasi antawisipun pelajar lan sekolah.

Kepala UPTD Pendidikan Kecamatan Bayat, Triyono, mratelakaken cabang olahraga ingkang dipun gelar salebeting popda antawisipun lari sprint 100 meter, lompat katak, tolak peluru, lempar turbo, formula one, balbalan, voly, badminton, lan sepaktakraw. Popda samangke dipun gelar sadanguning tigang dinten, kaajab kridha punika saged kangge nggugah gregetipun siswa supados tresna dhateng olahraga, sarta kangge pados atlet berbakat. Popda samangke inggih cecawisan kangge ngadhepi popda tataran Kabupaten Klaten ingkang mangkenipun badhe dipun gelar wulan Februari-Maret 2016.( Purwanto )

Share this with friends

Comments are closed.